8. Bahasa Jawa

PIDHATO

Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani Medharsabda; medhar tegese ngandarake, sabda tegese omongan.

  • Urutane pidhato :

a. Salam pambuka : isine ngucapake salam marang para tamu, minangka tandha sapa aruh & pakurmatan.

b. Purwaka : isine pangucap syukur & panuwun marang Gusti Maha Agung

c. Isi / surasa : medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato.

d. Pangarep-arep : nyuwun donga restu marang para tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksana.

e. Panutup : isine nyuwun pangapura marang para rawuh menawa anggone pidhato ana kaluputan ing basa & tindak tanduk.

  • Miturut kahanane,pidhato kaperang dadi 3 :
  1. Kahanan resmi
  2. Kahanan setengah resmi
  3. Kahanan ora resmi
  • Pidhato miturut tujuane :
  1. Menehi hiburan
  2. Menehi kawruh
  3. Pangajak-ajak
  • Miturut carane :
  1. Mawa teks / naskah (metodhe maca)
  2. Ngapalake naskah
  3. Ekstemporan
  4. Impromptu